Kula


Assalamu’alaikum wr wb .. (^_^)..


Kagem sedaya pamaos blog kula sumangga  tepangan rumiyin kalihan kula, nami kula Raesita Putri Amalia saged dipuntimbali (Rae / Ita), kula asli saking tlatah salatiga desa Tingkir Tengah RT 01 RW 07. Kula miyos ing Salatiga, 24 Agustus 1993, sedherek kula wonten tiga, kula ingkang nomer kalih, menawi bapak saha ibu kula nggih namung setunggal kemawon.
Samenika kula saweg ngangsu kawruh wonten ing Universitas Negeri Yogyakarta, Fakultas Bahasa dan Seni, mendhet jurusan Pendidikan Basa  Daerah (Jawi) angkatan 2011. Menawi saderengipun wonten Ngayogja, rumiyin kula sampun nate ngangsu kawruh ugi wonten ing TK Pertiwi saha SDN Tingkir Tengah 02 ingkang dumunung wonten ing desa kula, taun 2005 SMP-nipun sampun radi wonten kutha inggih wonten SMPN 2 Salatiga ingkang boten tebih saking griya kinten-kinten betahaken wekdal 10 menit menawi dugi sekolahan. Sasampunipun lulus SMP, kula nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing SMA A Wahid Hasyim Tebuireng Jombang, tigang taun kula wonten ing Jombang wiwit taun 2008 dumugi 2011.


Sasampunipun tumut Ujian Tulis SNMPTN alhamdulillah kabegjan ketampi wonten UNY ngantos samenika. Kula menika piantunipun radi lingsem, menengan nanging kadhang criwis, remen kekancan saha remen tulung tinulung. Menawi badhe mangertos langkung kathah kalihan kula saged add FB kula (the.dodols@gmail.com) utawi dipunketik nami kula kemawon Raesita Putri Amalia. Cekap semanten rumiyin pitepangan kalihan Rae ingkang manis semanis sarem.. upss lepat.. gendhis maksud kula..hehe
Ngelmu iku kalakone kanthi laku, sapa temen bakal tinemu.. sugeng maos blog kula.. ^_^
Wassalamu’alaikum wr wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar