Senin, 16 Desember 2013

Pambagyaharja Pangarsa Panitia


Assalamu’alaikum wr. wb
Kawula nuwun

Dhumateng Bapak Prof. Dr. Zamzani M.Pd.  minangka Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta ingkang tansah kinurmatan.
Dhumateng Bapak Dr. Suwardi Endraswara M.Hum  minangka Pangarsaning Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah ingkang minulya.
Dhumateng Bapak Ibu Dosen ingkang satuhu kinabekten.
Dhumateng para rawuh sinedhahan ingkang kawula hurmati.
Boten kasupen dhumateng para kanca ingkang kawula trisnani.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherekaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos,  ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya, saengga saget makempal wonten ing papan panggenan menika kanthi saras.

Pranatacara Mitoni


Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.
Dhumateng bapak Munir mingangka pangarsa dhusun ingkang kinurmatan.
Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing paapn menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa. Amin.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten:

Wacan Bocah


      Ngimpi Tuku Tas
              Dening :Rae

Ing sawijining esuk, katon bocah-bocah kang lagi mangkat sekolah. Ana kang numpak pit, ana kang diterke bapak ibune, ana uga kang padha mlaku bebarengan, amarga sekolahane ora adoh banget, mung mapan ing pinggiring desa.
Santi salah sawijining siswa kelas 5 kang melu ngrameni dalan sakbarenge padha mangkat sekolah. Ibune Santi asmane Bu Tiyem, pakaryan saben dinane dodol gorengan keliling desa. Merga kuwi Santi bisa urip prasaja. Sanadyan bocah ayu kuwi lagi kelas 5 SD, nanging dheweke wis bisa mikir diwasa, ora kaya bocah cilik liyane. Santi wis ngerti karo kahanan keluargane, dheweke ora tau duwe panjaluk kang werna-werna, kadhang malah ngrewangi ibune dodolan. Beda karo mbakyune kang wis kelas loro SMP, gaweane kepengin tuku kaya sing diduweni kancane. Rina mbakyune santi ora tau ngerti kahanan wong tuwane. Karepe apa wae kang dipingini kudu keturutan, nanging sanyatane ora bisa kabeh keturutan amarga ibune uga mung pas-pasan. Jaman kelas siji SMP biyen, Rina wis tau kepingin tuku pit merga kancane akeh sing duwe pit anyar kanggo menyang sekolah, banjur ibune usaha sebisane. Sanajan pite ora anyar, nanging saiki Rina wis bisa mangkat sekolah numpak pit sing ditumbaske ibune.

Cerkak


TRESNA JALARAN SAKA MOS
Dening: Rae


gocengblog.blogspot.com

Angin sumilir wonten ing ngajengipun sekolahan, ndhawahaken gegodhongan ingkang sampun garing. Hawanipun eco sanget, nuwuhaken raos ingkng ayem tentrem. Saking tebihan ketingal wonten tiyang jaler ingkang nembe ningal-ningali sesuketan ijem ingkang ngremenaken. Tiyang menika ketingal bingung, boten mangertosi menapa ingkang badhe dipuntindakaken. Naminipun “Irul”. Piyambakipun menika minangka siswa enggal wonten ing SMA swasta. Wonten pundi Irul badhe ngawiwiti carios enggal.
“hee... , tepangaken nama kula Roni. Sampeyan sinten? siswa enggal nggih?”, Wonten tiyang ingkang ageng nyuwun pirsa dening Irul.
“ku..kula Irul”, Irul mangsuli.

Artikel Budaya


TINGKEBAN


Tingkeban inggih menika salah satunggaling wujud tradhisi saking asiling penggalihipun masyarakat Jawi ing jaman rumiyin, kanthi pangajap supadis dipunparingi putra ingkang dipun pengini dhateng calon bapak, ibu saha kulawarga ageng sarta supados anggenipun nglairaken menika saged lancar tanpa alangan setunggal punapa. Tradhisi menika dipunpitados wiwit jaman Jayabaya ingkang dipun warisaken turun tumurun ngantos samenika saha dipunlampahi kathah-kathaipun masyarakat Jawi.
Tingkeban saged ugi dipunwastani mitoni, minangka urutaning upacara ing pagesangan ingkang dumugi samenika taksih dipunlampahi masyarakat Jawi. Upacara tingkeban menika minangka salah satunggaling adat utawi upacara ingkang dipunlampahi wonten ing wulan kaping pitu samangsa tiyang estri menika ngandhut sepisanan kanthi ancas supados jabang bayi ingkang dipunkandhut saha calon ibu ingkang saweg ngandhut menika pinaringan keslametan. Amargi wonten ing piwulang Islam menika minangka pakurmatan nalika mlebetipun ruh wonten ing raga jabang bayi kanthi ancas supados dipunparingi ruh ingkang sae saengga putra ingkang miyos menika samangke gadhah tumindak ingkang sae ugi.

Wacana Prosedural


KUE LAPIS MAKNYUSS....


Bahan-bahan:
- 275 gr gandum beras
- 75 gr gandum sagu
- 300 gr gendhis pasir
- 1/2 sdt sarem
- 1 lt santen
- 3 lembar ron pandhan
- Pewarna dhaharan; abrit, ijem utawi sanesipun dipuntrepaken kaliyan pepinginan
Cara damel Kue Lapis:
1. Santen dipunmasak sareng kaliyan ron pandan saha sarem sinambi di udhak-udhak ngantos rata saha umup.

Profil Wirausaha


Drs.Sugiharto
Sukses Amarga Dadi Distributor Material




 

            Bapak Drs.Sugiharto menika salah satunggaling alumnus Universitas Negeri Sebelas Maret (UNS) jurusan Sastra Daerah taun 1987 ngantos 1992. Bapak ingkang sampun akrab dipuntimbali Pak Totok, samenika saweg ngurus wirausaha ingkang lumayan ageng inggih menika usaha material. Ngengeti pembangunan ing jaman samenika ngrembaka sanget pramila tokonipun Pak Totok menika boten nate sepi saking pengunjung, langkung-langkung wonten ing daerah Kabupaten Karanganyar piyambak saweg dipunwontenaken pembangunan masal kangge jenjang SD ingkang kathah-kathahipun mundhut bahan material saking tokonipun Pak Totok ingkang namanipun CV. Lempung Mas Indonesia minangka distributor gendheng.

Opini Pendek (Pengalaman)

NOMER TOGEL
Dening: Rae



www.togelprediksi.com

Ing sawijining awan ana bocah loro lagi lungguh-lungguh ana ngisor wit ringin sinambi maem bakmi bungkus godhong sing dituku ana ing kantin sekolahan mau. Jenengane Atun karo Sumi. Bocah loro kui bocah SD sing biasane seneng mlaku bareng nalika mangkat lan mulih saka sekolahan. Sanajan omahe rodo adoh nanging Atun senengane ngampiri Sumi nalika mangkat sekolah. Atun karo sumi pancen wis dadi kanca cedhak nalika isih kelas loro SD, kamangka nganti saiki isih tetep rumaket.
Dina setu kapungkur nalika bubar pelajaran matemtika, Pak Narto paring wara-wara marang bocah kelas lima.  Menawa ana program anyar ana ing SD kuwi. Mulai minggu ngarep para siswa kudu nduwe sragam Pramuka kanggo sraga dina jumat lan setu. Atun dumadakan kaget lan bingung kudu kepiye. Sanajan sragam abang putihe wis ala lan wernane wis mbulak, Atun ora wani matur marang Bapak lan Ibune amarga ngerti kahanan wong tuwane sing pas-pasan kanggo nyukupi kebutuhan keluargane. Sawise bubaran sekolah Atun mlaku mulih karo Sumi, ora disejo ngliwati daleme Pak Yitna sing samangsa kui kondhang dadi panggonan kanggo tuku nomer togel. Atun wis tau krungu crita-crita bab togel saka tangga wetan omahe. Pancen ing desa kui jaman semono wis biasa menawa ana wong sing pasang nomer, amarga bab agama isih durung padha mudheng.

Feature



MUSEUM DEWANTARA KIRTI GRIYA 


Rikala dinten minggu kapungkur kula sakanca mlampah-mlampah dhateng perpustakaan Tamansiswa ingkang dumunung ing Jl. Tamansiswa No.31, Yogyakarta ingkang sejatosipun namung badhe pados naskah Jawi ingkang ngagem aksara jawa minangka tugas panaliten filologi. Dinten menika ugi nembe sepisan kula mangertosi  papan panggenan  dumunungipun perpustakaan kasebat. Sasampunipun pikantuk naskahipun, lajeng kula mlampah-mlampah ing ngajeng saha kiwa tengenipun perpustakaan. Kula penasaran pomahan ing ngajeng perpustakkan menika isinipun menapa. Nalika kula mlebet, boten dinyana wonten barang-barang unik ingkang taksih katata rapih saha resik.
 Sanalika kula mlampah-mlampah wonten ing salebetipun museum. Museum menika kathah ngawrat nilai-nilai pendidikan saha minangka salah satunggaling bukti sejarah ngrembakanipun pendidikan Indonesia. Museum Dewantara Kirti Griya menika gadhah pinten-pinten koleksi  ing antawisipun prabot griya ingkang taksih katata sami kaliyan wekdal Ki Hajar Dewantara manggeni griya kasebat. Wonten ugi foto-foto , meja makarya Ki Hajar Dewantara, ageman kunjara samangsa piyambakipun taksih nglampahi ukuman pamerintah Londo, buku-buku koleksi piyambakipun, radio ingkang dipunangge piyambakipun, mesin ketik,  telepon kina kagunaganipun Ki Hajar Dewantara, kamar sare, teken, kaca paningal, pulpen , saha sapanunggalanipun taksih kathah ingkang dereng kula sebataken. Ingkang narik kawigatosan kula inggih menika sabun ingkang kangge siram pungkasan saderengipun Ki Hajar Dewantara wafat, sampun pinten-pinten puluh taun ananging taksih wonten wujudipun. Menapa kemawon ingkang wonten ing salebetipun dalemipun Ki Hajar Dewantara menika nggambaraken kaprasojan piyambakipun minangka pejuang bangsa.

Kamis, 21 November 2013

Straight News

Warga Tingkir Tengah Khurmat Calon Jamaah Haji


Kathah warga Desa Tingkir-tengah kutha Salatiga sesarengan tindak dhateng griyanipun bapak Fatoni. Masyarakat desa sami khurmat (nguntapaken) tindakipun calon jamaah haji, Bapak Fatoni (61th) sekaliyan ibu Endang (58th). Bapak Fatoni sekaliyan menika tumut rombongan kutha Salatiga kloter 47. Adicara dipunwiwiti dinten setu, 28 September 2013, wanci tabuh 10.27WIB kanthi atur pangandika dipunlajengaken dedonga sesarengan antawis calon jamaah haji kaliyan para warga ingkang dipunpimpin dening bapak KH Basirun. Adicara kalaksanan ing ngajeng griyanipun Bapak Fatoni kanthi khidmat. Para warga sedaya ndherek dedonga kanthi pangajap supados calon jamaah haji rahayu saking bebrayan lan dados haji ingkang mabrur. Adicara saklajengipun adzan lan iqomat saha kapungkasan kanthi mushofahah. Bidhalipun saking griya tumuju kantor Pemkot Salatiga wanci tabuh 10.55WIB. dipundherekaken kulawarga kaliyan tangga tepalih kathah-kathaipun 5 mobil. Sedaya calon jamaah haji kutha Salatiga kempal wonten Pemkot Salatiga sakderengipun bidhal dhateng asrama haji Donohudan, Solo. 

Feature

Keunikan Nama Ngajeng Tiyang Bali

roombucketdotcom.blogspot.com

           Menawi dipunsebataken tembung “Bali” mesthi tiyang menika sampun gadhah pamanggih menawi pulo Bali menika dipuntepang kaendahan alamipun, ugi budaya-budayanipun ingkang taksih kenthel lan kathah ingkang unik .Bali menika sampun dipuntepangi ing jagad negari amargi kathah keunikan ingkang dados budayanipun Bali. Dados menawi tindak dhateng Bali menika mesthi saged manggihi para turis ingkang sami pengin mangertos kadospundi sejatosipun Bali ingkang endah.
Kathah sanget keunikan menawi sampun dumugi wonten ing Bali, saben desa menika gadhah tradisi piyambak-piyambak, sedaya menika dipunraosaken khas sanget, amargi sedaya tiyang Bali menika taksih nyengkuyung menapa kemawon budaya ingkang taksih dipuntindakaken dening masyarakat Bali. Salah setunggal budaya ingkang dereng kathah dipunmangertosi dening masyarakat umum kadosta masyarakat Jawi, Sumatra, Kalimantan lan sanesipun, inggih menika budaya maringi nama ngajeng putranipun tiyang Bali. Mesthi kathah ingkang bingung, amargi nama-nama ngajengipun tiyang Bali menika kathah ingkang sami, kadosta wayan, made, nyoman, kethut. Nama menika boten waton amargi nama-nama ngajeng kados menika gadhah teges piyambak-piyambak. Nama ngajeng tiyang Bali menika minangka tandha tepang tiyang kasebat putra kaping pinten.

News Feature

Raos Sumelang Tukang Becak Pancal

Ngayogyakarta minangka kutha wisata sampun sakyektosipun dados tujuan para turis saking manca. Katahipun papan-papan ingkang saged dipundhatengi ndadosaken Yogya rame kahananipun. Becak minangka salah satunggalipun piranti transportasi ingkang sampun asring dipunpanggihi wonten margi-margi dhaerah Ngayogyakarta. Kanthi nitih becak, para turis utawi masyarakat lokal menika saged gampil anggenipun manggihi papan ingkang pinuju. Nah, sinten ingkang mangertos wujudipun becak? Sampun sakyektosipun para masyarakat Indonesia, mliginipun Jawa tamtu mangertosi wujudipun becak, sukur-sukur sampun nate nitih. Piranti ingkang gadhah rodha ingkang cacahipun tiga menika biasanipun namung saged momot kalih utawi tigang penumpang. Nalika numpak becak raosipun eco sanget, kenging angin sumilir saking njawi lan ugi saged ningali kahanan sakiwa tengenipun. Becak minangka salah satunggalipun piranti ingkang dipunginakaken dening masyarakat lokal kangge pados nafkah, kangge kabetahan gesangipun ingkang samsaya dangu samsaya kathah.