Dening: Rae
Ing sawijining awan ana bocah loro lagi lungguh-lungguh ana ngisor wit
ringin sinambi maem bakmi bungkus godhong sing dituku ana ing kantin sekolahan
mau. Jenengane Atun karo Sumi. Bocah loro kui bocah SD sing biasane seneng
mlaku bareng nalika mangkat lan mulih saka sekolahan. Sanajan omahe rodo adoh
nanging Atun senengane ngampiri Sumi nalika mangkat sekolah. Atun karo sumi
pancen wis dadi kanca cedhak nalika isih kelas loro SD, kamangka nganti saiki
isih tetep rumaket.
Dina setu kapungkur nalika bubar pelajaran matemtika, Pak Narto paring
wara-wara marang bocah kelas lima.
Menawa ana program anyar ana ing SD kuwi. Mulai minggu ngarep para siswa
kudu nduwe sragam Pramuka kanggo sraga dina jumat lan setu. Atun dumadakan
kaget lan bingung kudu kepiye. Sanajan sragam abang putihe wis ala lan wernane
wis mbulak, Atun ora wani matur marang Bapak lan Ibune amarga ngerti kahanan
wong tuwane sing pas-pasan kanggo nyukupi kebutuhan keluargane. Sawise bubaran
sekolah Atun mlaku mulih karo Sumi, ora disejo ngliwati daleme Pak Yitna sing
samangsa kui kondhang dadi panggonan kanggo tuku nomer togel. Atun wis tau
krungu crita-crita bab togel saka tangga wetan omahe. Pancen ing desa kui jaman
semono wis biasa menawa ana wong sing pasang nomer, amarga bab agama isih
durung padha mudheng.
Nalika wengi kui Atun kepikiran teru bab sragam pramuka sing kudu
diduweni dheweke minggu ngarep. Atun mesti ngrasa isin menawa dheweke ora duwe
sragam kaya sing di ngendikakake pak guru mau, mesti bakal beda dhewe saka
kanca-kancane, menawa Sumi wis mesthi tuku amarga dheweke anake wong duwe.
Bubar nggarap PR, Atun siap-siap mapan turu ana ing kamare. Nalika turu kui dheweke
ngimpi ketemu kari embah-embah wedok sing wis sepuh banget, embahe kui mau
njaluk diutntun menyang ndhuwur liwat undhak-undhakan. Amrga ngrasa mesakke,
Atun banjur nulungi embah kui mau, nalika wis tekan ndhuwur embahe kui mau
ilang, jebul sing didelok ana ngarepe mung kuburan. Atun kaget banjur deloki
tenger sing ana tulisane kui, ana ing tenger ora ana tulisan jeneng, mung ana
nomer cacahe papat. Sanalika Atun tangi, banjur dieling-eling ngimpine mau.
Esuke Ani menyang sekolah ngampiri Sumi dhisik, lan nggatekake pak guru
anggone nerangake pelajaran. Nalika mulih sekolah, Atun liwat maneh ana ngarep
daleme Pak Yitna, banjur sanalika eling karo ngimpine mau bengi. Kebeneran ana
ing sekolahan mau Atun ora jajan, dadi Atun kepikiran pengen jajal tuku nomer,
mbokmenawa tembus iso gawe tuku sragam pramuka. Nalika ditakoni Pak Yitna
nomere pira sing arep dipasang Atun ngeling-eling nomer sing ana ing ngimpine
wingi bengi, banjur masang nomer kui.
Ora let sue, kurang luwih telung dina-nan nalika Atun mulih sekolah,
dheweke niliki pengumuman sapa wae sing nomere tembus, sanalika dheweke kaget
ndilalah nomere ana ing kertas sing ditemplekake dening Pak Yitna. Atun senenge
ora karuwan, banjur dhuwit kasil saka masang nomer mau digawe tuku sragam
pramuka, turahane ditabung.
Dina sabanjure moro-moro Atun wis siap nganggo sragam pramuka anyar,
nalika pamit arep menyang sekolah Bapak lan Ibune kaget, amarga ora rumangsa
mundhutake sragam sing kaya ngono. Banjur Atun didangu marang Bapak lan Ibune,
saka ngendi olehe klambi kui. Pancen wis meneri Atun kui bocah sing jujur tur
ya lugu, dheweke ngomong apa anane. Bapak lan Ibune kaget banjur ndukani lan
ngandhani menawa tumindak kaya ngono kui ora pareng, sesuk meneh ora usah
dibaleni, menawa butuh apa-apa kanggo sekolahe matur wae marang Bapak Ibu. Atun
mung ndhingkluk lan nyuwun ngapura marang wong tuwane. Iku mau carita
pengalaman sing dak rungokake dening salah sawijining tiyang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar