Rikala dinten minggu kapungkur kula
sakanca mlampah-mlampah dhateng perpustakaan Tamansiswa ingkang dumunung ing
Jl. Tamansiswa No.31, Yogyakarta ingkang sejatosipun namung badhe pados naskah
Jawi ingkang ngagem aksara jawa minangka tugas panaliten filologi. Dinten
menika ugi nembe sepisan kula mangertosi
papan panggenan dumunungipun
perpustakaan kasebat. Sasampunipun pikantuk naskahipun, lajeng kula
mlampah-mlampah ing ngajeng saha kiwa tengenipun perpustakaan. Kula penasaran
pomahan ing ngajeng perpustakkan menika isinipun menapa. Nalika kula mlebet,
boten dinyana wonten barang-barang unik ingkang taksih katata rapih saha
resik.

Jumenengipun
Tamansiswa saha penganggit slogan Tut Wuri Handayani panjenengannipun Ki Hajar Dewantara, jasanipun ing donya pendidikan menika ageng sanget
kamangka dumugi samenika dinten miyosipun Ki Hajar Dewantara 2 Mei dipipunpengeti
minangka dinten pendidikan nasional, saengga pikantuk gelar pahlawan nasional. Kanyata
Museum Dewantara Kirti Griya ingkang menika tilaran Londo jaman rumiyin ingkang
nate dipunanggeni Bapak Pendidikan
Indonesia inggih menika Ki Hajar Dewantara sakulawarga, wiwit taun 1938 dumugi
taun 1957. Wiyaripun bangunan 300 meter persegi saha wonten ing lemah ingkang
wiyaripun 5.594 meter persegi. Bangunanipun gadhah keunikan arsitektur gaya
klasik Belanda Jawi. Saking cariyos-cariyos jaman rumiyin griya menika
dipunjumenengaken kirang langkung taun 1925.
Museum ingkang dipunresmekaken 2
Mei 1970 dening Nyi Hajar Dewantara minangka pangarsa umum Tamansiswa, menawi
nama museum kasebat dipunsukani dening Hadiwidjono tiyang ingkang ahli Basa
Jawi. Namaewantara, lajeng Kirti menika ateges Pakaryan (Sansekerta), Griya
menika tegesipun omah. Dados, nama museum menika saged dipuntegesi “omah ingkang isinipun asiling pakaryan Ki
Hajar Dewantara.” Saking koleksi saha swasana museum menika, nggambaraken
gesangipun Ki Hajar Dewantara jaman rumiyin, piyambakipun nglampahi gesang ing
antawis buku-buku saha asiling pikiran ingkang sae. Pengunjung ugi saged maos
Buku-buku ingkang ngangge basa Belanda ingkang dados sumber inspirasi Ki Hajar
Dewantara nalika ngrembakaaken pendidikan ing Indonesia.
Fasilitas ingkang wonten ing Museum
Dewantara Kirti Griya antawisipun perpustakaan, mushola, wc saha pendhapa taman
siswa ingkang saged dipunginakaken kangge nampilaken seni-seni tradhisional,
saha saged ugi kangge gladhen tari Jawi dening para siswa. Menawi pengin tepang
langkung kathah kaliyan Ki Hajar Dewantar saha ningali kadospundi museum manika
gampil mawon. Saged dipun padosi wonten ing Jl. Tamansiswa, Yogyakarta. Bikakipun
dinten selasa-kemis surya 08.00 – 13.00, dinten jumat 08.00 – 11.00, saha
dinten setu 08.00 – 13.00. sumangga menawi kersa napak tilas gesangipun Ki
Hajar Dewantara ing Museum Dewantara Krti Yogyakarta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar