Senin, 16 Desember 2013

Profil Wirausaha


Drs.Sugiharto
Sukses Amarga Dadi Distributor Material




 

            Bapak Drs.Sugiharto menika salah satunggaling alumnus Universitas Negeri Sebelas Maret (UNS) jurusan Sastra Daerah taun 1987 ngantos 1992. Bapak ingkang sampun akrab dipuntimbali Pak Totok, samenika saweg ngurus wirausaha ingkang lumayan ageng inggih menika usaha material. Ngengeti pembangunan ing jaman samenika ngrembaka sanget pramila tokonipun Pak Totok menika boten nate sepi saking pengunjung, langkung-langkung wonten ing daerah Kabupaten Karanganyar piyambak saweg dipunwontenaken pembangunan masal kangge jenjang SD ingkang kathah-kathahipun mundhut bahan material saking tokonipun Pak Totok ingkang namanipun CV. Lempung Mas Indonesia minangka distributor gendheng.





Indonesia menika saweg nengga kathahipun wirausahawan ingkang saged mbikak lapangan pakaryan kagem tiyang sanes, wonten ngriki Pak Totok sampun saged dados salah satunggaling tuladha, amargi jumlah karyawan Pak Totok samenika ngantos 15 karyawan tetep, saha kiranglangkung 20 tiyang minangka karyawan boten tetep. Sampun jelas kabukti menawi Pak Totok inngkang lulusan Sastra daerah menika saged mbiyantu para pengangguran ingkang saderengipun boten gadhah pakaryan. Bapak gangsal putra menika nalika pados karyawan kathah ing antawisipun saking lingkungan kulawarganipun piyambak, saha kathah sedherek ingkang dipunlebetaken wonten ing usahanipun.
Bapak ingkang miyos ing Pati, 15 November 1966 menika ngendika menawi sadangunipun nglampahi usaha material menika boten nate ngraos tuna amargi kahananipun usaha menika lajeng minggah. Paling kathah pesenan menika wiwit wulan Maret dumugi Desember. Ing tokonipun pak Totok menika nyade langkung khas nyade gendheng, amargi kathah sanget jinis saha macemipun ingkang dipunsade. Gendheng kasebat dipunpendhet saking jatiwangi, Gersik, Tangerang saha Kudus.
Saking usaha material ingkang dipuntelateni dening Pak Totok menika sampun ageng amargi cabang usahanipun uga sampun lumayan kathah, wonten kantor pusat saha cabangipun wonten tiga. Kantor pusat ingkang samenika wonten ing Jl. Raya Solo-Sragen Km 17 Masaran-Sragen, Karangmalang RT 8. Menawi badhe manggihi cabang saking usaha material Pak Totok menika saged kepanggih ing Jl.Raya Solo-Sragen Km 10,5 Kebak Kramat, Jl.Raya Kudus-Pati Km 3 Ngembalrejo, Bae,  Kudus. Timur SMA N 1 Bae, saha saged ugi wonten Jl. Raya Ahmad Yani, Km. 202, Gembongan, Kartasura, Sukoharjo. Pramila omsetipun saben setunggal wulan menika ngantos 500 dumugi 600 juta.

Usaha ingkang saged ngrembaka kados samenika boten namung saking asiling usaha ingkang dipuntelateni Pak Totok wiwit taksih semester setunggal. Kamangka jiwa panjenenganipun sampun tuwuh jiwa wirausaha, awal saking sinau wirausaha menika Pak Totok namung dados sales gendheng ingkang kedah nawa-nawakaken kaliyan kontraktor ingkang nangani proyek pembangunan. Nalika dados sales menika Pak Totok ngangsu kawruh sakathah-kathahipun. Semangat ingkang dipungadhahi Pak Totok menika kedah dipuntiru amargi saking semangat saha usaha panjenenganipun, nalika semester pitu Pak Totok saged bikak toko mateial piyambak kanthi ngontrak.
Modhal awal ingkang dipunginakaken Pak Totok menika saking asiling pakaryan ingkang dipunsambi kaliyan kuliah. Sasampunipun lulus saking UNS Pak Totok menika mucal ing SMPN 3 Mojogedhang, Karanganyar sinambi nglampahi wirausaha ingkang sampun radi mapan, ananging anggenipun mucal menika boten dangu, namung wiwit taun 1995 dumugi 2000 amargi nalika jumbuhaken jam boten saged menawi dipunsambi ngurusi usahanipun. Tinimbang mangkih jam pelajaranipun boten trep Pak Totok langkung mantep nelateni usahanipun ngantos samenika ingkang sampun kagungan 3 cabang. Kanthi usaha ingkang dipunlampahi samenika Pak Totok saged paring bea kangge putra putrinipun ingkang cacah gangsal anggenipun sekolah saha nyekapi kabetahan kulawarganipun kanthi sae.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar