Senin, 16 Desember 2013

Wacana Prosedural


KUE LAPIS MAKNYUSS....


Bahan-bahan:
- 275 gr gandum beras
- 75 gr gandum sagu
- 300 gr gendhis pasir
- 1/2 sdt sarem
- 1 lt santen
- 3 lembar ron pandhan
- Pewarna dhaharan; abrit, ijem utawi sanesipun dipuntrepaken kaliyan pepinginan
Cara damel Kue Lapis:
1. Santen dipunmasak sareng kaliyan ron pandan saha sarem sinambi di udhak-udhak ngantos rata saha umup.

2. Dipunentas, lajeng dipuntambah gandum beras, gandum sagu  saha gendhis pasir salajengipun dipunudhak malih ngantos rata.
3. Santen dipunsuntak sekedhik-sekedhik sinambi dipun uleni ngantos dados adonan encer.
4. Adonan dipunperang dados 3, diparingi pewarna manut pepinginan piyambak-piyambak. Adonan dipunsuntak kiranglangkung 50-100 ml ing loyang panas ingkang sampun dipunolesi minyak.
5. Adonan didang ngantos atos sekedhik lajeng dipunsuntak adonan salajengipun kanthi selang-seling ngantos adonan  telas.
6. Ingkang pungkasan, dipundang malih kiranglangkng 30 menit utawi ngantos adonan mateng kanthi rata.
7. Dipunentas saha dipun adhemaken, lajeng dipunmedalaken saking loyang saha dipun kethok dados pinten-pinten perangan.
8. Kue lapis ingkang sampun dipun kethok-kethok saged dipun cawisaken wonten piring.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar