Senin, 16 Desember 2013

Artikel Budaya


TINGKEBAN


Tingkeban inggih menika salah satunggaling wujud tradhisi saking asiling penggalihipun masyarakat Jawi ing jaman rumiyin, kanthi pangajap supadis dipunparingi putra ingkang dipun pengini dhateng calon bapak, ibu saha kulawarga ageng sarta supados anggenipun nglairaken menika saged lancar tanpa alangan setunggal punapa. Tradhisi menika dipunpitados wiwit jaman Jayabaya ingkang dipun warisaken turun tumurun ngantos samenika saha dipunlampahi kathah-kathaipun masyarakat Jawi.
Tingkeban saged ugi dipunwastani mitoni, minangka urutaning upacara ing pagesangan ingkang dumugi samenika taksih dipunlampahi masyarakat Jawi. Upacara tingkeban menika minangka salah satunggaling adat utawi upacara ingkang dipunlampahi wonten ing wulan kaping pitu samangsa tiyang estri menika ngandhut sepisanan kanthi ancas supados jabang bayi ingkang dipunkandhut saha calon ibu ingkang saweg ngandhut menika pinaringan keslametan. Amargi wonten ing piwulang Islam menika minangka pakurmatan nalika mlebetipun ruh wonten ing raga jabang bayi kanthi ancas supados dipunparingi ruh ingkang sae saengga putra ingkang miyos menika samangke gadhah tumindak ingkang sae ugi.
Pinten-pinten urutanipun adicara tingkeban kirang langkung mekaten, ingkang sepisan inggih menika pamaosan ayat suci Al Quran dipunlajengaken sungkeman calon ibu dhateng garwanipun saha sungkeman calon ibu saha bapak dhateng tiyang sepuhipun. Adicara salajengipun siraman, siraman menika dipunlampahi dening pitung tiyang  sesepuh ing kulawarga. Cidhuk ingkang dipunagem damel siraman menika cidhuk ingkang kadamel saking klapa ingkang taksih wonten isinipun saha ngandhapipun dipunbolongi. Sasampunipun siraman, calon ibu dipunagemi kain 7 werna, kanthi pralambang sipat-sipat sae ingkang badhe dipunbeta dening si jabang bayi ing salebeting kandhutan.
Acara pantes-pantes inggih menika calon ibu dipun agemi kain saha kebaya 7 macem. Kain kebaya ingkang sepisan ngantos ingkang kaping enem minangka busana ingkang nedahaken busana ingkang sejatosipun dereng panten dipun agem sening calon ibu. Sasampunipun dipun agemi busana ingkang kaping pitu menika nembe pantes, kahanan menika minangka pralambang menawi ibu ingkang saweg nagndhut menika saenipun boten menggalih menapa kemawon ingkang asipat kadonyan saha tumindakipun prasaja kemawon.
Calon ibu salajengipun dipuntaleni padharanipun (dipunkendhiti) kanthi janur kuning. Janur ingkang dipuniket kedah dipunkethok dening calon bapak si jabang bayi kangge mbuka tali ingkang dados pepalang miyosipun si jabang bayi. Janur ingkang kaiket menika dipunkethok ngangge keris ingkang pucukipun dipunparingi kunir minangka tolak balak. Adicara salajengipun inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu saha nggadhahi sipat kadosta tokoh watang kasebat. Salajengipun angrem, inggih menika calon ibu lenggah ing tumpukaning kain ingkang kala wau dipunginakaken ing adicara pantes-pantes kadosta pitik wadon ingkang saweg ngangremi tiganipun. Adicara menika gadhah pangajap supados si jabang bayi saged miyos ceka wulanipun. Salajengipun dhahar ajag cowek, ing ngriki calon bapak si jabang bayi ngrencangi calon ibu wonten ing tumpukan kain saha kekalihipun mendhet dhaharan ingkang sampun dipun cawisaken kanthi cowek saha dipundhahar ngantos telas. Acara menika kalampahan kanthi pangajap supados si jabang bayi saged tuwuh kanthi sehat. Menika urutaning adicara tingkeban.
Upacara mitoni utawi tingkeban menika gadhah piwulang kangge para masyarakat. Antawisipun kain-kain ingang dipu agem dening calon ibu menika gadhah teges piyambak-piyambak. Saking teges kasebat kita saged mendhet piwulangipun, manungsa menika dipun cipta  dening Allah SWT, kita kedah tliti sarta kedah ngrantam kadospundi kita gesang ing donya menika ingkang kathah godha senengipun. Menawi manungsa menika gadhah ancas gesangipun ingkang tumuju akhirat supados boten kacelik ing pungkasanipun samangke. Kamangka manungsa menika kedah ngronce gesangipun piyambak-piyambak, menapa kemawon ingkang badhe dipuntuju saha ngelingi menawi sasampunipun gesang ing donya menika wonten gesang ing salajengipun inggih menika akhirat dados manungsa menika boten namung mulya ing donya, ananging mulaya ugi wonten ing akhirat samangke. Dados upacara tingkeban menika sae kemawon menawi katindakaken dening masyaraket amargi ing upacara adat menika kathah pangajap maring Gusti ingkang Maha Kuwaos.





Tidak ada komentar:

Posting Komentar