Senin, 16 Desember 2013

Cerkak


TRESNA JALARAN SAKA MOS
Dening: Rae


gocengblog.blogspot.com

Angin sumilir wonten ing ngajengipun sekolahan, ndhawahaken gegodhongan ingkang sampun garing. Hawanipun eco sanget, nuwuhaken raos ingkng ayem tentrem. Saking tebihan ketingal wonten tiyang jaler ingkang nembe ningal-ningali sesuketan ijem ingkang ngremenaken. Tiyang menika ketingal bingung, boten mangertosi menapa ingkang badhe dipuntindakaken. Naminipun “Irul”. Piyambakipun menika minangka siswa enggal wonten ing SMA swasta. Wonten pundi Irul badhe ngawiwiti carios enggal.
“hee... , tepangaken nama kula Roni. Sampeyan sinten? siswa enggal nggih?”, Wonten tiyang ingkang ageng nyuwun pirsa dening Irul.
“ku..kula Irul”, Irul mangsuli.
“ sampeyan tiyang pundi?, kala wau kula tingali kok kados tiyang bingung, napa dereng pikantuk kanca?”, Roni taken malih.
“ inggih, kula saking Salatiga, menawi sampeyan piyambak tiyang pundi?”.
“ menawi kula asli Yogyakarta, salam tepang nggih. Ohh nggih, bibar menika badhe wonten acara malih, mangga sareng-sareng mrika kersanipun boten telat”, Roni ngajak.
            Boten dangu acara MOS dipunwiwiti. Kathah acara ingkang dipun damel dening mas-mas lan mbak-mbak Senior. MOS menika dipundadosaken papan kangge mbales menapa ingkang rumiyin dipuntampi dening angkatan saderengipun, kadosta para kucing ingkang sampun ngincer tikus ingkang boten kagungan daya. Tradisi turun-tumurun ingkang sampun ngoyot kiyat lan wonten ing prastawa MOS kadadosan.
            Sasampunipun MOS dinten sepisan dipun pungkasi, ing ngajeng sekolahan, wonten ingkang ningali Irul kanthi paningalan ingkang boten kados biasanipun. Ingkang ningali menika tiyang estri ingkang ayu sanget. Irul lajeng kaget, ugi sami-sami ningali tiyang ayu kala wau, lan nuwuhaken raos ingkang boten karun. Sasampunipun Irul dugi wonten griyanipun, lajeng dipunangen-angen malih prastawa ing ngajeng sekolah kala wau.
            Enjingipun Irul mlayu-mlayu menyang sekolahan amargi piyambakipun kawanen anggenipun tangi, dumadakan wonten pit montor mandhek wonten ing pinggiripun Irul lan buka kaca helemipun. “Rul, mangga menyang sekolahan sareng kula”, Roni ngajak. Tanpa mikir dangu, Irul langsung numpak lan mesam-mesem.
Wekdal saderengipun mlebet wonten sekolahan, Irul ningali salebetipun gerbang, madosi tiyang ingkang dipunraos radi boten biasa kala wingi. Wonten kathah tiyang estri ingkang sareng mlampah mlebet sekolahan, nanging boten wonten tiyang ingkang dipunpadosi. Roni markiraken pit montoripun, lajeng sami-sami mlajar mlebet ing sekolahan tumuju lapangan, ndilalah panggih kaliyan mas senior lan kenging ukuman amargi sampun telat, ingkang jaler diken mlajar ngubengi lapangan kaping tiga, ingkang estri ugi diken ngubengi kaping kalih. Sasampunipun ukuman dipunlampahi, lajeng sami ndherek mlebet wonten barisan. Dumadakan wonten tiyang estri ingkang nembe dugi wonten sekolahan. Tiyang estri ingkang dipunpadosi Irul menika matur, “ nyuwun panapunten nggih mas, kula telat anggenipun dugi, amargi wonten margi kala wau wonten tiyang ingkang dhawah, lajeng ndadosaken macet”.
“ MOS kuwi diwarahi disiplin dhik, dadi ora ana alesan apa wae menawa telat, saiki kowe entuk ukuman mlayu ngubengi lapangan ping papat!!” duka mas Dirman. Pasuryan Puput lajeng beda sasampunipun mireng ukuman kasebat. Irul ugi mireng, lajeng ngraos boten terima kaliyan ukuman kangge Puput. “ mas, ukuman menika awrat sanget kangge tiyang estri” Irul mbengok saking tengahing barisan.
“ heh, sopo kui mau sing ngomong, rene maju nang ngarep!, mas Dirman tambah duka. Irul lajeng mlajar lan siap menawi badhe pikantuk ukuman malih.
 “ sapa jenengmu?”
“Irul mas”
“ hehe... Irul to,, yo saiki kowe melu mlayu cah iki ping papat. Eh iyo sopo jenengmu?”, taken mas Dirman kaliyan ingkang estri.
“ Puput mas”.
“hmm.. Irul lan Puput, mlayu saiki, cepett!”.
Pungkasanipun Irul mangertosi sinten naminipun tiyang ayu menika. Piyambakipun sedaya namung mlajar tiyang kekalih mawon. Sinambi mlajar, tiyang kekalih wau omong-omongan, anggenipun mlajar sareng-sareng menika boten keraos kesel Irul ngraos remen saged omong-omongan kaliyan Puput.
“ maturnuwun nggih mas, sampeyan sampun mbelani lan wani matur kaliyan mas Dirman kados wau” .
“menika sampun kewajiban kula Put”, Irul mangsuli.
            Dinten-dinten MOS salajengipun, Irul lan Puput samsaya rumaket, lan dipunpungkasi kanthi remenig manah. Irul lan Puput samsaya pengin mangertosi antawis setunggal lan sanesipun. Kanthi piranti surat-suratan ingkang dipuntitipaken kaliyan Roni ingkang dalemipun caket kaliyan Puput, tresna menika dumugi wonten manahipun piyambak-piyambak.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar