Senin, 16 Desember 2013

Wacan Bocah


      Ngimpi Tuku Tas
              Dening :Rae

Ing sawijining esuk, katon bocah-bocah kang lagi mangkat sekolah. Ana kang numpak pit, ana kang diterke bapak ibune, ana uga kang padha mlaku bebarengan, amarga sekolahane ora adoh banget, mung mapan ing pinggiring desa.
Santi salah sawijining siswa kelas 5 kang melu ngrameni dalan sakbarenge padha mangkat sekolah. Ibune Santi asmane Bu Tiyem, pakaryan saben dinane dodol gorengan keliling desa. Merga kuwi Santi bisa urip prasaja. Sanadyan bocah ayu kuwi lagi kelas 5 SD, nanging dheweke wis bisa mikir diwasa, ora kaya bocah cilik liyane. Santi wis ngerti karo kahanan keluargane, dheweke ora tau duwe panjaluk kang werna-werna, kadhang malah ngrewangi ibune dodolan. Beda karo mbakyune kang wis kelas loro SMP, gaweane kepengin tuku kaya sing diduweni kancane. Rina mbakyune santi ora tau ngerti kahanan wong tuwane. Karepe apa wae kang dipingini kudu keturutan, nanging sanyatane ora bisa kabeh keturutan amarga ibune uga mung pas-pasan. Jaman kelas siji SMP biyen, Rina wis tau kepingin tuku pit merga kancane akeh sing duwe pit anyar kanggo menyang sekolah, banjur ibune usaha sebisane. Sanajan pite ora anyar, nanging saiki Rina wis bisa mangkat sekolah numpak pit sing ditumbaske ibune.
Tekan sekolahan, Santi nyelehake gorengan kang dititipi ibune ana kantin sekolah banjur mlebu kelas lan melu pelajaran kaya biasane. Pas arepe nyathet katerangan saka bu guru, dumadakan santi kaget “lho.. pulpenku kok ora ana ya, kayane mau bengi wis cetha tak lebokke ana tas.” Santi ngomong dhewe karo gemremeng. Sanalika Santi meneng lan ngeling-eling, apa iya wis dilebokke tenan.  Diyah kancane sakbangku jebul keprungu gemremenge Santi, “Ana apa San,  kok katon kaya wong bingung ngono” Diyah nakoki Santi. “ iki Yah, pulpenku kang taklebokake ana tas mau bengi kok saiki ora ana ya”, Santi tambah bingung. “ Wis ora usah dipikir dhisik, iki aku duwe pulpen loro, koksilih dhisik ora popo San, pulpenmu dipikir mengko wae yen wis rampung pelajaran.” Guneme Diyah. “Iya Yah, matur nuwun ya wis nyilihi pulpen.” Santi seneng. Banjur bocah loro mau nggatekake bu guru anggone nerangake pelajaran.
Theng..theng..theng...(wis wayah ngaso). Jam pelajaran wis entek, banjur bu guru maringi PR kanggo di garap ana ing omah. Pelajarane banjur dilereni marang bu guru. Santi kelingan karo perkara pulpene sing ilang mau, banjur bali nggoleki maneh. Ora dinyana jebul tase Santi suwek. “Oalah.. iki to sebape pulpenku iso ngilang,” guneme Santi nang jero ati. Dheweke ora ngelingi menawa tase mau wis di enggo pirang-pirang taun ora tau ganti. Santi wis ngerasa lega amarga perkara pulpene ilang wis cetha.
Jam sekolah wis rampung, Santi wis biasa bali bareng Diyah. Saktekane ngomah, Santi banjur jupuk benang jait sak dome ana ing laci, banjur tas kang suwek mau didondomi dhewe. Santi wis pinter ndondomi barang kang suwek amarga awit  cilik wis jaluk warah nalika weruh ibune ndondomi klambine Santi kang suewk merga kecanthol paku. Santi ora wani matur nyuwun tas anyar amarga ngerti kahanan ibune kang sarwa pas-pasan.
Nalika Santi lagi ndondomi tas kang suwek mau, dumadakan ibune kondur saka bakul gorengan. “lagi ngapa kuwi ndhuk..?” ibune takon. “niki bu nembe dondomi tas ingkang suwek” Santi mangsuli. “apa ya wis maem? yen durung kana maem dhisik,” ibune ngongkon Santi. “inggih bu sekedap malih nggih sampun rampung.” Sakrampunge Santi dondomi banjur dheweke mangkat maem kang wis dicawisake ibune ana meja. 
Srengenge wis arep mendelep tandhane wis arep maghrib. Santi kaya biasane, sakdurunge adzan wis wudlu banjur menyang langgar cedhak omahe. Santi kuwi pancen bocah pinter, patrape apik, tur manut karo ibun. Bapake wis seda wiwit Santi isih TK, seda kuwi pancen wis dadi takdir, nanging kang jalari bapake Santi seda kuwi amarga tiba saka wit klapa. Merga kuwi Santi mesakke marang ibune kang nggolek biaya dhewe kanggo sekolah dheweke lan mbakyune. Sakbaline Santi saka langgar. Santi banjur bukak PR kang diwenehi bu guru mau awan. Samsaya wengi anggone garap PR, Santi wis krasa ngantuk. Santi kelingan menawa dheweke durung shalat isya’, merga PR-e ya wis rampung Santi age-age wudlu lan shalat  banjur mapan ana ing kasur amarga mripate wis kari limang watt. Bengi kuwi santi ngimpi dijak ibune menyang pasar, banjur ibu menggok ana toko tas, Santi dikon milih tas kang dipingini. Banjur Santi milih kang werna biru, merga biru kuwi werna kasenengane. Santi pringas-pringis sakbaline saka pasar.
“Ndhuk..ndhuk.. wis subuh iki, ayo ndang tangi..” ibune nggugah anggone turu. Ngimpine sing apik mau wis ilang, banjur Santi mikir-mikir, “oalah.. jebul gur ngimpi to, rasane kok kaya tenanan,” batine Santi. Dheweke banjur tangi saka anggone turu lan siap-siap mangkat sekolah.
Saknaline Santi saka sekolahan, Santi arep leren ana kamar. “lho.. kok ana tas anyar werna biru, kuwi duweke sapa ya?,” takokne Santi neng jero ati. Banjur di cedhaki ana kertas neng ngarep tase, nalika diwaca tulisane jebul tas kuwi mau saka ibu. Tulisane ngene “tas iki duewke dhek Santi, amarga dhek Santi wis bisa dadi bocah sing apik, sing manut marang wong tuwa, mula ibu tumbaske kanggo hadiah, sanajan tase ora apik banget, muga-muga dhek Santi seneng lan tambah sregep sinau supaya gegayuhane bisa keturutan, ibu nyuwun ngapura mung bisa numbaske sing kaya ngene”. Banjur Santi mbrebes mili maca tulisan ibune, ora dinyana ngimpine mau bengi dadi nyata.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar