Senin, 16 Desember 2013

Pranatacara Mitoni


Assalamu’alaikum
Kawula Nuwun
Wonten ngarsanipun para pinisepuh ingkang tansah sinudarsana.
Dhumateng bapak Munir mingangka pangarsa dhusun ingkang kinurmatan.
Dhumateng para rawuh bapak saha ibu ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherakaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang amurba amasesa, ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya saengga saged makempal wonten ing paapn menika kanthi saras saha boten wonten alangan punapa. Amin.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Saderengipun adicara mitoni ing dinten menika dipunwiwiti, kawula minangka pambiwara badhe ngaturaken reroncening adicara ingkang badhe kalampah, kirang langkung mekaten:

1. Pambuka
2. Atur pambagyaharja dening pamengku gati
3. Siraman
4. Brojolan
5. Medhot janur
6. Gantos busana
7. Mecah siwur
8. Dodolan dhawe
9. Panutup
Para rawuh ingkang minulya,
pariwisata.jogjakota.go.id
Sumangga adicara mitoni ing dinten menika kita wiwiti kanthi  waosan basmalah sesarangan.
Mugi-mugi adicara ing dinten menika kita saged kalampahan kanthi sae lan gancar, boten wonten alangan setunggal punapa. Amin.
Menggah adicara ingkang angka kalih nun inggih atur pambagyaharja dening pamengku gati, dhumateng Bapak Mahsun kawula sumanggakaken.
Maturnuwun dhumateng Bapak Mahsun ingkang sampun paring atur pambagyaharja.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara salajengipun inggih menika siraman. Dhumateng bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saking ibu Lina, kawlua sumanggakaken murwakani siraman. Salajengipun kawula sumanggakaken dhumateng  ibu Sri, dipunlajengaken Ibu Erna saha Ibu Titin, ingkang pungkasan kawula sumanggakaken ibu siti.
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu ingkang sampun katuran adicara siraman.
Adicara ingkang kaping sekaewan inggih menika brojolan klapa gadhing cacah kalih ingkang dipungambari Kamajaya kaliyan Kamaratih ingkang ngemot kekarepan supados putra/putri saged lair bagus utawi ayu.
Kasumanggakaken dhumateng Bapak Mahsun minangka tiyang sepuh saha Ibu Sri ingkang badhe anadhahi klapa ingkang kabrojolaken. Klapa gadhing ingkang kaparingaken calon ramanipun minangka pralambang supados nglairaken putra samangke boten wonten alangan setunggal punapa.
Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan,
Adicara salajengipun nun inggih medhot janur. Medhot janur menika minangka pralambang wajibing tiyang kakung ngilangi sedaya pepalang ing gesang bebrayan.
Adicara ingkang kaping enem inggih menika gantos busana saha dipunlajengaken adicara kaping pitu inggih menika mecah siwur.
Para rawuh ingkang minulya,
Adicara ingkang kaping wolu inggih menika dodol dhawet, dhumateng para rawuh sedaya kawula sumanggakaken mundhut dhawet kaliyan rama lan ibu kanthi ngginakaken kreweng ingkang sampun cumawis.
Mekaten kala wau adicara mitoni ing diten menika, kawula minangka pambiwara, mbok bilih wonten klenta klentuning atur ingkang kirang mranani ing manah panjenengan sedaya, kawula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksama, mekaten atur kawula.
Matur nuwun
Wassalamu’alaikum wr wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar