Senin, 16 Desember 2013

Pambagyaharja Pangarsa Panitia


Assalamu’alaikum wr. wb
Kawula nuwun

Dhumateng Bapak Prof. Dr. Zamzani M.Pd.  minangka Dekan Fakultas Bahasa dan Seni Universitas Negeri Yogyakarta ingkang tansah kinurmatan.
Dhumateng Bapak Dr. Suwardi Endraswara M.Hum  minangka Pangarsaning Jurusan Pendidikan Bahasa Daerah ingkang minulya.
Dhumateng Bapak Ibu Dosen ingkang satuhu kinabekten.
Dhumateng para rawuh sinedhahan ingkang kawula hurmati.
Boten kasupen dhumateng para kanca ingkang kawula trisnani.
Langkung rumiyin sumangga kawula dherekaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos,  ingkang sampun paring nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya, saengga saget makempal wonten ing papan panggenan menika kanthi saras.
Salajengipun kawula minangka pangarsaning panitia ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Dosen saha tamu sinedhahan ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara dinten menika, lan boten kesupen kawula ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Dekan ingkang sampun paring papan kangge adicara menika, saha Jurusan Pendidikan Bahasa  Daerah ingkang sampun hanyengkuyung wiragat Rp1.500.000,00. Lan boten kesupen kawula ugi ngauraken maturnuwun dhumateng para kanca panitia ingkang sampun mbiyantu sanget, saengga adicara ing dinten menika saget kalampahan.
Para rawuh ingkang kula hormati
Saklajengipun kawula badhe caos uninga bab titi acara ing wekdal menika bilih macapatan jumat legen menika badhe ngudhal Serat Nayakawara anggitanipun Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Mangkunegara IV ingkang wosipun Wejangan Saha Pitutur Luhur kagem Pangembating Nagari.
Mugi-mugi adicara macapatan jumat legen ing dinten menika saget kalmpahan kanthi sae saha saget paring piguna dhumateng kita sedaya.
Para rawuh ingkang minulya kawula minangka jejering panitia, ing mbok bilih anggenipun caos pasogatan, dhaharan, saha papan panggenan kirang nyekecakaken, kawula nyuwun lunturing sih samudra pangaksami. Mekaten atur kawula.
Maturnuwun
Wassalamu’alaikum wr.wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar