Kamis, 21 November 2013

Feature

Keunikan Nama Ngajeng Tiyang Bali

roombucketdotcom.blogspot.com

           Menawi dipunsebataken tembung “Bali” mesthi tiyang menika sampun gadhah pamanggih menawi pulo Bali menika dipuntepang kaendahan alamipun, ugi budaya-budayanipun ingkang taksih kenthel lan kathah ingkang unik .Bali menika sampun dipuntepangi ing jagad negari amargi kathah keunikan ingkang dados budayanipun Bali. Dados menawi tindak dhateng Bali menika mesthi saged manggihi para turis ingkang sami pengin mangertos kadospundi sejatosipun Bali ingkang endah.
Kathah sanget keunikan menawi sampun dumugi wonten ing Bali, saben desa menika gadhah tradisi piyambak-piyambak, sedaya menika dipunraosaken khas sanget, amargi sedaya tiyang Bali menika taksih nyengkuyung menapa kemawon budaya ingkang taksih dipuntindakaken dening masyarakat Bali. Salah setunggal budaya ingkang dereng kathah dipunmangertosi dening masyarakat umum kadosta masyarakat Jawi, Sumatra, Kalimantan lan sanesipun, inggih menika budaya maringi nama ngajeng putranipun tiyang Bali. Mesthi kathah ingkang bingung, amargi nama-nama ngajengipun tiyang Bali menika kathah ingkang sami, kadosta wayan, made, nyoman, kethut. Nama menika boten waton amargi nama-nama ngajeng kados menika gadhah teges piyambak-piyambak. Nama ngajeng tiyang Bali menika minangka tandha tepang tiyang kasebat putra kaping pinten.
Sakderengipun ngandharaken nama-nama kados kala wau, dipunwiwiti saking sebatan I lan Ni wonten nama-nama ngajengipun tiyang Bali. Tuladhanipun huruf I ing ngajeng mana Wayan, I menika sebatan kangge namanipun tiyang jaler. Sakwangsulipun, sebatan Ni menika tegesipun nama tiyang estri. I kaliyan Ni menika ateges tiyang jaler kaliyan estri saking kulawarga masyarakat kathah-kathahipun, boten saking kulawarga ingkang gadhah kasta ugi biasa dipunsebat tiyang “jaba”. Ingkang bedakaken nama ngajeng tiyang Bali menika dipuntingali saking kulawarga kasta menapa. Kasta inggih menika tingkatan sosial ing panggesangan masyarakat Bali. Menawi miyos saking tukang tempa wesi, kamangka tiyang Bali menika nama najengipun “Pande”, menawi ngajengipun wayan, made lan sanesipun menika ngangge tembung “ Ida Bagus” tegesipun tiyang Bali menika putra saking kulawarga Kasta Brahmana. Ida Bagus tegesipun bagus utawi kinurmatan. Menawi dipunparingi nama gelar “Anak Agung”,  nedahaken manawi  tiyang menika lair  saking kulawarga bangsawan.
Putra nomer setunggal wonten ing Bali jaler menapa estri menika mesthi ngangge nama Wayan, utawi Putu utawi Gede. Nama Wayan menika asalipun saking tembung “wayahan" ingkang ateges paling matang. Dados umpaminipun tiyang Bali kadosta I Wayan Sidharta menika sampun mesthi menawi tiyang menika putra kaping setunggal, ngendikanipn I Wayan minangka guide (pemandu) wekdal mahasiswa Pendidikan Bahasa Daerah UNY sami tindak dhateng Bali.
Putra nomer kalih ugi wonten sebatanipun piyambak inggih menika Made utawi Nengah utawi Kadek, Made menika asalipun saking tembung “Madia”  ingkang tegesipun tengah. Nama menika ugi saged dipunginakaken kangge jaler menapa estri.
Sebatan kangge Putra kaping tiga inggih menika Nyoman utawi Komang. Dipuntimbali Nyoman ingkang asalipun saking tembung "uman" ingkang ateges “sisa” utawi “akhir”.  Dados miturut tiyang Bali menika menawi wonten ing kulawarga saenipun namung nggadhahi tigang putra kemawon. Nanging ing jaman rumiyin obat tradisional menika taksih kirang mandi kangge ngadhang kekandhutan, menawi badhe aborsi ugi dipunraosaken kejem sanget, saengga ing kulawarga menika langkung saking tigang putra. 
Putra tiyang Bali ingkang angka sekawan dipunsebat ketut, sebatan menika langkung gampil dipunemut amargi putra kaping sekawan menika namung gadhah setunggal sebatan nama ngajeng inggih menika ketut. Ketut menika asalipun saking tembung “Kitut” ingkang ateges pisang alit ingkang wonten ing pucuk jawinipun saking setunggal lirang pisang. Ketut menika minangka putra bonus. Dados menawi pepanggihan kaliyan tiyang bali ingkang gadhahi nama kadota sami kaliyan ingkang sampun dipun andharaken boten prelu bingung malih.
Nama-nama tiyang Bali menika minangka salah setunggalipun budaya unik ingkang wonten ing Bali, amargi dumugi sakmenika sebatan nama-nama ngajeng kadosta wonten ing nginggil menika taksih lestantun dening masyarakat Bali. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar