Raos
Sumelang Tukang Becak Pancal
Ngayogyakarta minangka kutha wisata
sampun sakyektosipun dados tujuan para turis saking manca. Katahipun
papan-papan ingkang saged dipundhatengi ndadosaken Yogya rame kahananipun.
Becak minangka salah satunggalipun piranti transportasi ingkang sampun
asring dipunpanggihi wonten margi-margi dhaerah Ngayogyakarta. Kanthi nitih
becak, para turis utawi masyarakat lokal menika saged gampil anggenipun
manggihi papan ingkang pinuju. Nah, sinten ingkang mangertos wujudipun becak?
Sampun sakyektosipun para masyarakat Indonesia, mliginipun Jawa tamtu
mangertosi wujudipun becak, sukur-sukur sampun nate nitih. Piranti ingkang
gadhah rodha ingkang cacahipun tiga menika biasanipun namung saged momot kalih
utawi tigang penumpang. Nalika numpak becak raosipun eco sanget, kenging
angin sumilir saking njawi lan ugi saged ningali kahanan sakiwa tengenipun.
Becak minangka salah satunggalipun piranti ingkang dipunginakaken dening
masyarakat lokal kangge pados nafkah, kangge kabetahan gesangipun ingkang
samsaya dangu samsaya kathah.
Jaman samsaya majeng kamangka
sakmenika jinisipun becak piyambak sampun ngrembaka. Boten namung becak pancal
ingkang taksih tradisional, ing jaman modern menika malah wonten ingkang
nami Betor (Becak Motor). Wujudipun inggih menika becak ingkang sampun dimodifikasi
kaliyan motor ngangge mesin. Sakwontenipun betor ing pinten-pinten dhaerah Ngayogyakarta
menika ndadosaken raos sumelang para tukang becak pancal, amargi para penumpang
menika katah-katahipun langkung milih betor tinimbang becak pancal, betor
dipunraos langkung cepet anggenipun dugi wonten papan ingkang pinuju, boten
namung kelangan penumpang, becak motor menika
kathah-katahipn ngangge mesin ingkang
boten wonten seratipun kados STNK utawi mesinipun batangan utawi ilegal,
pramila Gubernur DIY (Daerah Istimewa Yogyakerta) medalaken serat
edharan Nomor 55.1/0136 Babagan Larangan Pengoperasian Becak Bermotor 24
Januari 2003. “Ananging Kebijakan ingkang sampun dipundamel menika boten wonten
kasilipun, saged dipuntingali taksih kathah betor ingkang dipunpanggihi wonten
ing margi-margi dhaerah Ngayogyakarta, dados miterat kula pemerintah menika
boten tegas kaliyan kabijakan ingkang sampun dipunandharaken”, ngendikanipun
Bapak Suyitno (48taun) rikala dinten senen 30 September 2013. Bapak Suyitno
menika padamelanipun namung dados tukang becak pancal dhaerah Ngayogyakarta
ingkang aslinipun saking Pati. Sakderengipun dumugi Yogya, pak Yitno menika
sampun dumugi tlatah Manado, Kalimantan, Sumatra, lan dhaerah Jawi kadosta
Surabaya, sedayanipun menika namung kangge nyekapi kabetahan gesangipun lan
kulawarga ing Pati, inggih menika garwanipun, ibu Rujati ingkang padamelanipun
namung buruh krupuk, lan putranipun kekalih ingkang namung tamat ngantos SMP.
Taun 2006 sakbibaripun gempa ing Ngayogyakarta, Pak Yitno miwiti padamelanipun
minangka tukang becak pancal ing Ngayogyakarta. “Kasilipun saking menika boten
kathah namung pas-pasan, kadhang wonten kadang nggih boten, kangge nedha ngih
namung pas-pasan, paling sedinten namung
pikantuk sekawan penumpang, kadhang kala malah namung setunggal, nanging
alhamdulillah saged damel bea manten anak kula, nggih sedaya menika disyukuri
mawon,” tuturipun pak Suyitno ing dalu menika.
“Kendharaan sakmenika samsaya
kathah, sainganipun ugi kathah, napa malih betor, sanadyan aturanipun sampun
cetha saged dipuntingali betor ing Ngyogyakarta samsaya dangu malah samsaya
kathah amargi kirangipun penertiban saking Dinas Perhubungan.” Ngendikanipun
pak Yitno. Kamanga para tukang becak pancal kadosta bapak Suyitna menika gadhah
pangajap supados Pemerintah Dhaerah saged nggencaraken penertiban becak motor
ing Ngayogyakarta. Menawi perkaranipun
amargi papan ingkang damel wadhah betor ingkang kenging razia menika boten
wonten, kedahipun Pemerintah saged ngupakara pados lahan kangge nampung betor
kala wau.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar