Assalamu’alaikum wr. wb
Kawula nuwun
Dhumateng Bapak Prof. Dr. Zamzani M.Pd. minangka Dekan Fakultas Bahasa dan Seni
Universitas Negeri Yogyakarta ingkang tansah kinurmatan.
Dhumateng Bapak Dr. Suwardi Endraswara M.Hum minangka Pangarsaning Jurusan Pendidikan
Bahasa Daerah ingkang minulya.
Dhumateng Bapak Ibu Dosen ingkang satuhu kinabekten.
Dhumateng para rawuh sinedhahan ingkang kawula
hurmati.
Boten kasupen dhumateng para kanca ingkang kawula
trisnani.
Langkung rumiyin sumangga kawula
dherekaken sami ngunjukaken raos syukur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang
maha kuwaos, ingkang sampun paring
nugraha kawilujengan dhumateng kita sedaya, saengga saget makempal wonten ing
papan panggenan menika kanthi saras.